Puisi Bahasa Jawa : Nasehat

SERAT KODRAT:

Sing dadi tengering zaman édan:


Wadoné pamèr aurat,
Lanangé ngumbar syahwat
Sing laris jamu kuwat.

Wong gedhé seneng maksiat,
wong cilik padha nékad.
kiai mlintir ayat
mbelani wong murtad.

Wondéné padha ora tobat,
wegah tirakat, malah nglakoni maksiat.
milih pemimpin sing murtad
ngawulo maring pejabat
amrih keduman pangkat.

Rina wengi krungu sesambat,
akèh wong mlarat, ora kuat ngingoni brayat
Konco mburi ora kerumat
sing ora kuat terus ngendhat.
Pejabaté padha khianat.

Ketigo kaliné asat,
yèn rendheng ngluwihi jagad,
Lindhu keliwat liwat,
Samodra munggah dharat.

Mula manungsa bakal slamet tekan kiamat,
Yèn jagad dirawat lan dirumat. Manembaha marang Gusti kang Makarya jagad.
Qul hullahu ahad.

Makarya sing amanat,
Niat lan giat
Amrih bisa andum zakat
Ojo amung nyadhong berkat.

Dhedharan sing khasiat
Amrih tansah séhat walafiat,
Ojo sakdremo ngumbar ilat.

Mangga dipun semak kanthi khidmat
Sinambi ngunjuk serbat,
Amrih gesang mboten keraos awrat Mugi slamet donya lan akhirat..

PITUTUR SIMBAHKU :

Ora kabèh wong pinter kuwi bener…
Ora kabèh wong bener kuwi pinter…

Akèh wong pinter ning ora bener…
Lan akèh wong bener senajan ora pinter…

Nanging tinimbang dadi wong pinter tapi ora bener…
Luwih becik dadi wong bener senajan ora pinter…

Minterna wong bener..kuwi luwih gampang tinimbang mBeneraké wong pinter…
mBeneraké wong pinter..kuwi mbutuhké beningé ati…"

........

Silahkan bagi yang tahu arti atau maknanya bisa dishare dikomen yah.. krn ini pelajaran hidup yg sangat menyentuh...Z

Tidak ada komentar:

Posting Komentar


Wiremesh murah hubungi Afandi - 081233336118. - Ada juga besi beton murah.

Jasa Pembuatan Pagar, Kanopi (+Renovasi)
WA ke 081233336118